Bekasi, Cikarang & Karawang
103
Nomor
Kode
KPK 103
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Ngakeni Pitados
Metronom
0
Cross Ref.
KPJ 122, KJ 331, KK 692
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
1
Kula pitados ing Allah Sang Rama kang Ma’ kwasa Ingkang nitahaken langit Lan bumi saisinya Kula pitados ing Gusti Yesus Kristus kang Putra Ontang-anting lan kekasih Gusti Pamarta kula
2
Kang sampun kabobotaken Sing kwasane Roh Suci Miyos saking Prawan Maryam Nahanaken pisakit Kala Pontius Pilatus Ingkang jum’neng bupatya Sinalib nglampahi seda Tumedhak ing antaka
3
Tigang dintenipun wungu Sing antaka, dyan minggah Dhateng swarga apinarak Neng tengenipun Allah Sang Rama kang Mahakwasa King ngriku badhe rawuh Angadili tiyang ingkang Gesang lan ingkang pejah
4
Nging pitados ing Roh Suci Wah malih wontenipun Pasam’wan Kristen satunggil Kang suci sarta umum Pitepangane pra suci Pangapuntening dosa Tanginira para mati Kang sarta gesang baka
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 103
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia