Bekasi, Cikarang & Karawang
167
Nomor
Kode
KPJ 167
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Tematik
Kidung Pangucap Sokur
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 184
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
1
Kula tansah ngraosken bingah, wit sih kamirahaning Allah ngganjar wilujeng dhateng kula lantaran kurbaning sang Putra. Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung, wit yektine gesang kula namung krana lubering sih-rahmatnya.
2
Kula tansah manggih kabegjan wit karoban ing kamirahan, saliring kabetahan kula kacekapan ing wancinira. Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung, wit yektine gesang kula namung krana lubering sih-rahmatnya.
3
Kula sinungan kasarasan krana sih-mirmaming Pangeran temahan saged nambut kardi margining pikantuk rejeki. Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung, wit yektine gesang kula namung krana lubering sih-rahmatnya.
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 167
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia