KPJ
Greja Prasasat Baita
338
Nomor
Kode
KPJ 338
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Tematik
Kidung Masamuwan
Metronom
0
Style
Blockbuster
Cross Ref.
GB 273, NKB 111, PKJ 105, KK 289, KMM 77, KPKA 310
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik
4 bait
1
Greja prasasat baita neng tengah samodra,
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
Nadyan tan sepi bebaya, ombak, lan prahara,
mesthi tulus kang sinedya, gisik ing sampurna,
angger tansah tan suwala mring sagung pangrehnya,
temah sembada widada, kalis sing rubeda.
Ayo disetya tulung tinulung tunggal sedya,
karya aneng Sang Pamarta ngantos salaminya.
2
Greja prasasat baita neng tengah samodra
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
manuta pandoming lampah, nggih sabdaning Allah,
nyingkirana watu karang sengseming kadonyan,
mrih tan nemahi cilaka, kerem ing samodra,
temahan tan bisa dadi seksi kang sembada.
3
Greja prasasat baita neng tengah samodra
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
Samangsa prahara nempuh, iman kudu kukuh,
Samangsa pedhut sumrambah, aja gampang semplah.
Nadyan ombak mbilaeni, aja cilik ati,
wit Kristus pyambak kang nganthi, mrih Greja lestari.
4
Greja prasasat baita neng tengah samodra,
Kristus kang dadya panutan enering lampahnya.
Yen tan padha tunggal ati, nemahi bilai;
baita lepas kendhali tininggal pradondi;
wit sayektine babaya neng tengah samodra,
uga king jroning baita, mula di waspada.
Partitur / Not
Klik untuk zoom
Partitur chord belum tersedia
Slide Lirik
8 slide
Cross Reference
GB 273, NKB 111, PKJ 105, KK 289, KMM 77, KPKA 310
273
Gereja Bagai Bahtera
289
Gereja Bagai Bahtera
77
Gereja Bagai Bahtera
310
Greja Prasasat Baita
111
Gereja Bagai Bahtera
105
Gereja Bagai Bahtera
Tema :
Kidung Masamuwan
334
Aja Sumelang
335
Ana Prau Layar
336
Aneng Patunggilane Gusti
337
Dahat Nyawaku Arerem
339
Iba Dennya Mbingahaken
340
Ing Paprentahaning Allah
341
Kadya Beita Lelayaran
342
Karsaa Mirsani
343
Kula Nedya Kadya Gusti
344
Lamun Dudu Yehuwah
345
Nadyan Kula Amicara
346
Ndedonga Lan Makarya
346
Ndedonga Lan Makarya
347
Papan Pangibadah
348
Pasamuwan Kan Nyawiji
349
Pasamuwan Nyawiji
350
Rahayu Wong Wedi-Asih
351
Samangkya Kita Mardika
352
Santosaning Tetunggalan
353
Sembah Bekti Wah Puji
354
Tetalesnya Sawiji
355
Wonten Pundi Dununging Gesang