Bekasi, Cikarang & Karawang
227
Nomor
Kode
KPKA 227
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Tematik
Natal
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
1
Sang pepadhang sejati samangkya wus prapti nyirnakna rehing pati mrih jalma basuki.
2
Sang pepadhang sayekti wus rawuh ing bumi mbirat kwasaning dosa sung tentrem raharja.
3
Sang pepadhang sanyata manjalma manungsa ngasoraken pepeteng sung gesang kang langgeng.
4
Sang pepadhanging jagad rawuh sung sih rahmat mrih tyang pracaya pasrah dadya putreng Allah.
5
Sang pepadhang satuhu rawuh jroning kalbu nenuntun tyang pracaya nulad Sang Pamarta.
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 227
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia