Bekasi, Cikarang & Karawang
142
Nomor
Kode
KPK 142
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Pangandel
Metronom
0
Cross Ref.
KPJ 46, KPKA 46, KPS 125, KP 47
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 8 bait
1
Dhateng pundi Gusti kula Klangenaning tyas mami Dhateng pundi ta purugnya Pundi nggen kula nglari ?
2
Wit sing kathah cidra kula Mila ngantos koncatan Gusti kang madhangi manah Myang tuking kabingahan
3
Sakelangkung susah kula De tinilar Pamarta Tyas kula tan saged lilih Lamun dereng pinanggya
4
Sanget nggen kula kerantan Yen emut bingah kula Kala taksih pitepangan Klayan Tuwan ing sukma
5
Gusti Yesus sakelangkung Kangen kula mring Tuwan Sampun Tuwan tegakaken Mugi wangsul maring wang
6
Mugi karsa angaksama Ing klepatan kawula Tyas kula mugi dadosa Wisma Tuwan slaminya
7
Adhuh Gusti tuking lipur Mugi wangsul mring kula Kula badhe ngestokaken Prentah Tuwan sadaya
8
Kula boten purun malih Akarya sekel Tuwan De puruging tresna mami Namung dhateng Sampeyan
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 142
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia

Slide Lirik 8 slide
Slide 1 — KPK 142 1
Slide 2 — KPK 142 2
Slide 3 — KPK 142 3
Slide 4 — KPK 142 4
Slide 5 — KPK 142 5
Slide 6 — KPK 142 6
Slide 7 — KPK 142 7
Slide 8 — KPK 142 8