Bekasi, Cikarang & Karawang
168
Nomor
Kode
KPK 168
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Kidung Kangen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 324, KPJ 411
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
1
Nginggilnya kasa saiba padhangnya Tyang kang pitados sumendhe Gusti Ngriki gung ribed sedhih sangsaranya Ngrika gung ayem tentrem lan mukti Ngrika gung ayem tentrem lan mukti
2
Nginggilnya kasa saiba reremnya! Lamun sabarang mengeng winedhar Ngriki tyas mami Gung kodheng petengnya Ngrika gumawang dyan lipur lejar Ngrika gumawang dyan lipur lejar
3
Nginggilnya kasa saiba nikmatnya! Aneng wismanya Sang Rama adi Tyang kang kesrakat Mantun rekasanya Bala mlaekat methukken puji Bala mlaekat methukken puji
4
Nginggilnya kasa saiba rujuknya! Mantun sulaya, dredah, grejegan Manah gumolong Samya tut-tuntutnya Runtang-aruntung tresna tinresnan Runtang-aruntung tresna tinresnan
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 168
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia