Bekasi, Cikarang & Karawang
53
Nomor
Kode
KPK 53
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Tematik
Pethikan Saking Kitab Suci
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
1
Nyawaku muji Allah Sukmaku bungah-bungah Wit saka peparinge Allah marang abdine Dene karsa ngudaneni Asoring kawulanya Nganti saliring bangsa Ngarani aku rahayu
2
Aku sinungan berkah Saka astaning Allah Dene suci asmane Lan gedhe mukjijate Kawelasane dumawuh Mring kang padha ngeringi Wis mesti denberkahi Tumeka turun tumurun
3
Astane Allah kita Nindakake pangwasa Mbuyarake wong digung Pra wisesa denlungsur Ngluhurake para asor Wong ngelih denerobi Salir amal kang becik Wong sugih tinundhung legeh
4
Allah wus murinani Isr’el dimen ngengeti Marang kawelasane Mring Abram satedhake Allah netepi prajanji Marang leluhur kita Langgeng ing salamanya Asmane pinuji-puji
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 53
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia