Bekasi, Cikarang & Karawang
244
Nomor
Kode
KPJ 244
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Tematik
Kidung Natal
Metronom
0
Cross Ref.
GBL 143
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
1
Sajroning pepeteng ing donya, sumunar cahya minulya amadhangi bangsa sajagad; sadaya nampi sihrahmat. Rawuhe nyingkirken pepeteng; sirna wayangan ing pati. Bumi nampani gesang langgeng, krana pepadhang nelahi.
2
Nadyan Paduka amberkahi, bandha donya angluberi, sanyata datan maedahi; tan kwasa nentremken ati. Datan ana gunging panenan nuwuhaken katentreman tumrap wongkang nyingkur Pangeran; koncatan ing karaharjan.
3
Samangke kita sukarena wonten ing ngarsa Paduka, wit prasetya ingkang kinangsi wus babar wonten ing bumi. Payo sujud mring Kang Maluhur, ngaturken pamuji sokur, karana agunging panenan kagem bujana kaswargan.
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 244
Klik untuk zoom

Partitur chord belum tersedia

Slide Lirik 3 slide
Slide 1 — KPJ 244 1
Slide 2 — KPJ 244 2
Slide 3 — KPJ 244 3